Sabtu, 28 Mei 2011

watak adhedhasar bintang

Capricorn(21 Des – 19 Jan)

Simbule Wedhus Pegunungan, sifate ngebak ngati-ati, alon alon waton kelakon,. Semono ugo panjenengan ingkang dilairke kanthi bintang iki kagungan sifat sabar , tabah lan sanggup ngadhepi pacobaning urip. Sakabehing pagaweyan ditimbang adhedhasar kasunyatan/logis tanpa dipengaruhi unsure sentiment. Urip sarwa gemi lan kadang kala nyedhaki sifat kikir/pelit. Nanging dheweke sregep ing gawe kanggo mikirake nasib ing tembe mburi sarta ora gelem nggantungake bantuane liyan.

Aquarius ( 20 Jan -18 Pebr)

Kanthi symbol paraga kang nembe ngucurake banyu . dheweke kang lair mawa bintang iki nduweni sifat : berjiwa besar , dhemen tetulung lan ngabdi kanggo kepentingane liyan /umum nganti kadhang kala kepentingane dhewe rada ora kepikir .Tumindhake tegas , keputusane pasti, ora gumantung liyan , ora ana kang angel dirasa, nanging dheweke rada angel maju ing babagan dagang /bisnis amarga bandha dudu bab kang mutlak digayuh kajaba mung syarat kanggo ngabdi ing masyarakat .Anakalane dheeke acuh tak acuh ngenani samubarang gawe nanging tanpa dinyana dheweke bisa ngrampungake pakaryan mau.

Pisces (19 Pebr – 20 Maret)

Simbule sepasang mina kang nembe nglangi klawan arah .Dheweke kang lair mawa bintang ii biasane nduweni sifat : Seneng tetulung, ora egois kepara rila berkorban , kadhang sregep nanging ana kalane males , ora gumathok ing kekarepan , kang bisa nuwuhake sirnaning rasa percaya dhiri amrga kakehan piker lan pertimbangan . Cerdas lan nduwe kesanggupan kerja kang sregap nanging kadang kala kurang pangati-ati.

Aries ( 21 Maret – 20 April)

Mawa simbul wedhus lanang kang nduwe bakat pimpinan . Mula kang dilairke ing tanggal kasebat< biasane nduwe sifat sregep, trengginas lan tegas kanggo nggolek dalan/ kemajuan anyar nanging kadang kebak emosi .Planet Mars nalika simbul Dewa perang mawa teges semangat lan kekuatan jiwa . Ana kalane nduwe sifat bosenan , during nganthi gaweyan sijine wes rampung wes kepingin nyandhak liyane.Dhemen aweh parlindungan lan kaprawiran

Taurus ( 20 april - 20 Mei)

Kanthi simbul Lembu lanang. Dhweke kang lair mawa bintang iki biasane nduweni sifat kebak tenega lan kaprawiran ,sabar,meneng lan ora seneng gembar-gembor utawa pamer nanging nduwe kesanggupan gedhe ing samubarang pegaweyan , ora gampang nyerah sadurunge kasil , wasis nata bale wisma, tinarbuka nanging dhemen nutupi perasaan sabenere , susah /angel nglalekake kebecikan liyan .

Gemini ( 21 Mei – 20 Juni)

Kanthi symbol bocah kembar. Dheweke kang dilairke mawa bintang iki biasane cerdas , wicaksana ,entheng pikire/tajem panggraitane ,perasaane uga jero, duwe kesanggupan lan kekarepan ing samubarang pakaryan kang gedhe, sanadyan dheweke ing antarane zodiac liyane kepara unggul ing kawasisan/kecerdikan nanging kekarepane gampang owah kanggo nemtokake pilihan .

Cancer (21 Juni - 20 Juli)

Kanthi lambing yuyu/kepithing. Dheweke kang dmawa bintang iki nduweni sifat jero perasaane lan bisa enggal nyelami maksud lan sedyiane liyan sabar lan pinter diplomasi,.Dhemen tetulung kanthi mikirake kahanan/nasib liyan.gampang kuatir lan susah ing babagan nasibe liyan utawa kahanan sakalir . gampang tersinggung nanging romantic, dhemen ngumbara.Yen tumindak akeh tetimbangan/etungan amamrga ana rasa was was/ ragu.

Leo (21 Juli – 21 Agust)

Mawa symbol singa .dheweke kang lair wektu iki biasane nduweni sifat :tegas pinter diplomasi, pribadi lan jiwa kang kuat, kaprawiran, kekarepan lan kesanggupan ing pakaryan uga gedhe,rela berkorban nanging kadangkala uga nduweni sifat ora sabar ,sombong. Simbol singa ing kene ana lambang surya kang ngemu teges nduwe karisma lan kekuatan tenaga , kemuliyaan lan kasampurnaan urip.

Virgo (22 Agust -22 Sept)

Mawa symbol gadhis/Perwan . Dipengaruhi planet Mercuri kang nduweni marang pengaruh intelektualitas kuat ,cerdas, dhemen ing samubarang ilmu kewasisan , ngati-ati ing pakaryan ,jujur, kebak ing petung ana babagan kanga rep ditindakake , teliti bebudhine lurus ,waskhita yen ngritik nganti ana kalane nyinggung perasaan liyan .Emane dheweke ora sabaran , gampang bosen,ora gelem dikritik ,mangu-mangu yang awe keputusan.

Libra (23 Sept – 23 Okt)

Kanthi symbol timbangan /neraca.dipengaruhi planet venus/Dewi Cipta lan kaendahan.Nduweni sifat : Bebudene luhur, alus perasaane ,romantic la nana ing pertimbanganana kesetimbangan urip lan harmonis,mantep ing pakaryan/ora gampang owah kekarepane,cerdas duwe cita-cita kang luhur.nanging kadang kala dheweke angel gawe keputusan.

Scorpio (24 Okt - 22 Nop)

Mawa symbol kalajengking.Dipengaruhi uga dening planet mars/dewa perang. Sifate kaprawiran, duwe kekarepan lan kesanggupan gedhe ing samubarang pakaryan, dhemen ngritik lan nggoleki kesalahan liyan,nanging kebak inisiatif,cerdas nanging uga seneng tukaran /debat lan kurang sabar.

Sagitarius (23 Nop – 20 Des )

Mawa symbol paraga kang awake jaran nembe menthang langkap/arep manah . Panjenengan kang dilairke dino iki nduweni sifat cerdas, tabah ora egois, saengga kanthi kesanggupan lan kekarepan kang mantep bisa nggayuh donya lan kasampurnaaning urip nanging emane yen wicara tanpa nggathekake perasaane liyan saengga ora maelu wong tersinggung utawa ora seneng marang marang wicarane mau.(Panjebar Semangat – 23,25,26/2004)

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Wordpress Theme | Bloggerized by Free Blogger Templates | Free Samples