Sabtu, 28 Mei 2011

Nesu & Nangis

Walikane ngguyu , yakuwi nesu . Yen ngguyu badan kita ngetokake zat endorphin , sewalike rasa nesu muncuk nalika kelenjar awak ngetokake epinephrine (adrenalin) lan cortisol(hydrocortisone) bebarengan hormone-hormon stress liyane.Akibate , nalika nesu , ketege jantung tambah cepet lan tekanan darah munggah .Ambegan uga dadi cekak lan ngos-ngosan,otot dadi kaku,jantung mompa getih luwih menyang sikil lan lengen ,sauntara kuwi alat pencernaan (wadhuk) lan system kekebalan tubuh dadi nutup. Kahanan awak kang ngene iki manut ahli kedokteran jelas bisa ngrusak kesehatan . Pancen , jroning panguripan modern kaya jaman saiki ora gampang ngendani nesu mgono wae . Dalan macet , bledug lan panas ing ngendi ngendi ora mokal bisa ndadekake kita uring-uringan . Nanging nyimpen rasa nesu dudu dalan paling kango kanggo ngerim rasa anyel . Semono uga nyutak rasa nesu kang kang kaluwihen uga dudu dalan kang pas . saran para ahli , rasa nesu kuwi mau kudu dikendaleni .Tegese kita bisa ngatonake rasa nesu mau nanging jroning ukuran kang lumrah lan bisa ditampa dening wong sakupeng kita .Mula kuwi kenali dhisik apa kang dadi penyebabe rasa nesu mau


Yen kita bisa sering ngguyu , iki tegese urip kita bisa dadi luwih sumringah sanajan kahanan satemene urip ora tansah kepenak . Ana kalane kita rumangsa susah .Lan yen wes susah ngene iki ora wurung luh kita tumetes . Pancen akeh wong kandha , nangis wujudake emosi kang paling apik kang bisa ndadekake perasaan luwih nyaman katimbang sadurunge .Nangis mujudake pengejawantahan rasa kang luwih saka saderma ukara .Lumantar tangisan, kita bisa ngerti yan sawijining pawongan lagi nduwe msalah kang angel dikandhakake . Nangis iku lumrah , apa kuwi dingo wong lanang utawa wadon . Nangis ora mesthi ateges gembeng . Yen nangis merga gembeng ,biasane sesambungan klawan kebiasaan nalika isih cilik . Yen isih cilik dikulinakake nangis nalika ngadhepi masalah , mu la nalika diwasa uga gampang nangis nalika ana masalah .

NANGIS

Nangis dudu bab kang ngisin isini .Kayadene ngguyu , nangis mujudake bab kang manusiawi .Pancen , nangis ora bakal tau ngrampungi masalah , sing jelas kanthi nangis kita bakal oleh perasaan lego , saengga pikiran dadi luwih padhang kanggo nggolek dalan mrantasi masalah kuwi mau.

Sanajan mangkono , akeh saka kita kang ora sanggup nelakake perasaan liwat tangisan . Kerep yen ana perkara kang gawe sesege dhadha , kita malah nelakake kanthi cara nesu !!!.(Panjebar Semangat-5/2003)

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Wordpress Theme | Bloggerized by Free Blogger Templates | Free Samples