Satemene apa gunane bledug ? Apa donya ki bakal luwih apik yen ora ana bledug ? Jawabane bisa ya bisa ora . Satemene apa ta bledug kui ? Bledug dumadi saka partikel lemah , utawa barang padhat liyane kang cukup entheng ketiyup angin. Saka ngendi tekane partikel kuwi mau ? partikel ksb bisa saka tanduran lan kewan kang wis mati, uyah laut, wedhi lan wedhi gunung mbledhos lan saka awu utawa awune areng.
Umume bledug ora pancen disenengi lan ora nguntungake.Nanging ing babagan liya , bledug bisa ndadekake jagad luwih endah. Werna srengene ing wayah esuk lan sore kang edi endah gumantung saka akehe bledug kang ana ing awing-awang. Jalaran bledug-bledug ing gegana kuwi kang mantulake sinar srengenge.Iki ndadekake cahaya katon saka bumi suwene sakjam utawi rongjam sawise srengenge angslup.srengenge ambles wernane abang mujudake cahaya pungkasan kang ilang saka pandulu.
Guna liyane saka bledug yaiku sesambungan klawan udan .Uap banyu ing gegana ora bakal owah dadi banyu kanthi gampang yen ora ana partikelbledug kang manggon ing ing pusat saben titik banyu. Mula kuwi, mega ,embun, pedhut lan udan , saperangan gedhe digawe saka sawenihing partikel bledug kang dikupengi kelembaban (Panjebar Semangat- 2/2003)



21.52
OTHERSIDE

Posted in: 
0 komentar:
Posting Komentar