Sabtu, 28 Mei 2011

CUKUR JENGGOT

Pirang-pirang abad kepungkur , bangsa Yunani lan Roma nduweni kesenengan ngingu brewok nganthi tekan nutupi raine . wektu iku wong Yunani lan Roma nduweni kepercayaan menawa jenggot lan brewok iku nuduhake kadiwasane pria.

Nanging suwening-suwe wong-wong padha kepingin nyukur rambut kang thukul ing rai.Wong-wong Roma kang isih enom malah nduweni panemu menawa kegiatan nyukur rambut ing rai iku mujudake ritus machoisme.

Sing dadi masalah wektu iku, nyukur rambut rasane lara. Amarga peralatan kang dienggo isih digawe saka kerang utawa untu kewan kang wus diasah kanthi landhep.

Kira-kira taun4000 SM, bangsa Mesir kasil nemokake cara nyukur kang luwih alus yaiku nggawe peso cukur saka emas , tembaga lan perunggu. Banjur ing abad17 , ana panemu maneh (kang ora dikenal jenenge) kasil nemokake peso cukur saka waja murni kanthi lading kang tipis lan landhep.

Tengahing abad 20 sawise penemuane peso cukur,salon-salon dadi rame . kegiatan cukur kayadene kegiatan rutinkang kudu ditindakake.Nanging nyukur nganggo peso kasebut isih ngandung resiko kayata tatu ing kulit amarga kurang terampil migunakake peso cukur.

Wektu saiki kegiatan nyukur dudu barang kang nyiksa maneh, ora liya mung merga jasane King C. Gillete. Wong Amerika kang nemokake peso cukur saka waja super tipis . Nganti saiki peso cukur iki karan “silet” asale saka tembung Gillete.(Panjebar Semangat-3/2003)

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Wordpress Theme | Bloggerized by Free Blogger Templates | Free Samples