Senin, 25 Juli 2011

wajahmu

Selasa, 31 Mei 2011

sample

kaos khas spesial  

sample desaign

anda berminat???!   call me ...!

Sabtu, 28 Mei 2011

Mula bukane shio





Dhek jaman mbiyen ana dewa sing urip ing sawijining nagari.Nalika tanggal 31 Desember wayah esuk sakdurunge ganti taun, Dewa ksb nggawe layang kanggo sebangsane sato kewan kang manggon ing donya.Layang iku kasebar dening tumiyuping angin kang nuju saisining nagari .

Kabeh kewan padha maca layang iku . Isine kaya mangkene “Sesuk ing taun anyar , aku arep milih kewan sing paling dhisik dhewe teka menyang nggonku , saka nomor siji nganti nomor rolas . Kewan iku arep dakangkat siji mbaka siji dadi panglima manut urutane .”

Kabeh kewan padha semangat krungu kabar iku. Ing bathine kaya ngapa senenge di dhapuk dadi panglima. Nanging beda banget karo kahanane kucing . Ing dino iku kucing katon males malesan ing pojok omah.Kucing pancen ora maca dhewe layang sing dikirimke dewa. Dheweke mung krungu kabar iku saka Tikus.Tikus sing tumindake licik yen sesuk tanggal loro kumpul ing panggonan dewa,mangka sing bener kudu tanggal siji januari .

Kabeh kewan padha semangat nyiapake keperluan kanggo lunga mnyang panggonane dewa . Ing bathine among mikirake piye carane bisa menang . Salah sijine kanthi cara turu gasik ing wengi iku supaya sesuk umun-umun bisa gasik budhale . Ananging bedo banget karo Kebo . Kebo yen ngrumangsani mlakune rindhik , mulo wengi iku dheweke budhal menyang panggonan dewa . Lungane kebo wengi iku di ngerteni dening Tikus , mula kanthi licik tikus mlumpat ing gegere kebo.Kebo ora mangerteni bab iki .

Wayah esuk umun-umun , nalinka srengenge during metu ,Asu,Kethek, Macan Babi, Naga , Ula, truwelu, Pitik, Jago Wedhus lan Jaran padha tumuju menyang panggonan dewa.

Lan nalika srengenge wes mlethek , sing katon dewe ing panggonan dewa mau yaiku sapi,nanging jebule tikus dhisiki mlumpat ana ing sangarepe sapi ,sapi kaget mangerteni kahanan iku .Dheweke nangis ing bathine awit mung dadi nomor loro , sing nomor siji yakuwi tikus.

“Sugeng warsa enggal dewa.” Kandhane tikus ing sangarepe dewa “Iya, sugeng warsa enggal.” Ngendhikane dewa. Ing mburine padha teka sumusul genti genten macan,truwelu,naga,ula jaran ,wedhus, kethek,pitik jago,asu lan babi.Mula kuwi kewan sing cacahe rolas mau banjur katetepake minangka sing menang. Rolas kewan iku uga katetepake minangka 12 shio kewan .

watak adhedhasar bintang

Capricorn(21 Des – 19 Jan)

Simbule Wedhus Pegunungan, sifate ngebak ngati-ati, alon alon waton kelakon,. Semono ugo panjenengan ingkang dilairke kanthi bintang iki kagungan sifat sabar , tabah lan sanggup ngadhepi pacobaning urip. Sakabehing pagaweyan ditimbang adhedhasar kasunyatan/logis tanpa dipengaruhi unsure sentiment. Urip sarwa gemi lan kadang kala nyedhaki sifat kikir/pelit. Nanging dheweke sregep ing gawe kanggo mikirake nasib ing tembe mburi sarta ora gelem nggantungake bantuane liyan.

Aquarius ( 20 Jan -18 Pebr)

Kanthi symbol paraga kang nembe ngucurake banyu . dheweke kang lair mawa bintang iki nduweni sifat : berjiwa besar , dhemen tetulung lan ngabdi kanggo kepentingane liyan /umum nganti kadhang kala kepentingane dhewe rada ora kepikir .Tumindhake tegas , keputusane pasti, ora gumantung liyan , ora ana kang angel dirasa, nanging dheweke rada angel maju ing babagan dagang /bisnis amarga bandha dudu bab kang mutlak digayuh kajaba mung syarat kanggo ngabdi ing masyarakat .Anakalane dheeke acuh tak acuh ngenani samubarang gawe nanging tanpa dinyana dheweke bisa ngrampungake pakaryan mau.

Pisces (19 Pebr – 20 Maret)

Simbule sepasang mina kang nembe nglangi klawan arah .Dheweke kang lair mawa bintang ii biasane nduweni sifat : Seneng tetulung, ora egois kepara rila berkorban , kadhang sregep nanging ana kalane males , ora gumathok ing kekarepan , kang bisa nuwuhake sirnaning rasa percaya dhiri amrga kakehan piker lan pertimbangan . Cerdas lan nduwe kesanggupan kerja kang sregap nanging kadang kala kurang pangati-ati.

Aries ( 21 Maret – 20 April)

Mawa simbul wedhus lanang kang nduwe bakat pimpinan . Mula kang dilairke ing tanggal kasebat< biasane nduwe sifat sregep, trengginas lan tegas kanggo nggolek dalan/ kemajuan anyar nanging kadang kebak emosi .Planet Mars nalika simbul Dewa perang mawa teges semangat lan kekuatan jiwa . Ana kalane nduwe sifat bosenan , during nganthi gaweyan sijine wes rampung wes kepingin nyandhak liyane.Dhemen aweh parlindungan lan kaprawiran

Taurus ( 20 april - 20 Mei)

Kanthi simbul Lembu lanang. Dhweke kang lair mawa bintang iki biasane nduweni sifat kebak tenega lan kaprawiran ,sabar,meneng lan ora seneng gembar-gembor utawa pamer nanging nduwe kesanggupan gedhe ing samubarang pegaweyan , ora gampang nyerah sadurunge kasil , wasis nata bale wisma, tinarbuka nanging dhemen nutupi perasaan sabenere , susah /angel nglalekake kebecikan liyan .

Gemini ( 21 Mei – 20 Juni)

Kanthi symbol bocah kembar. Dheweke kang dilairke mawa bintang iki biasane cerdas , wicaksana ,entheng pikire/tajem panggraitane ,perasaane uga jero, duwe kesanggupan lan kekarepan ing samubarang pakaryan kang gedhe, sanadyan dheweke ing antarane zodiac liyane kepara unggul ing kawasisan/kecerdikan nanging kekarepane gampang owah kanggo nemtokake pilihan .

Cancer (21 Juni - 20 Juli)

Kanthi lambing yuyu/kepithing. Dheweke kang dmawa bintang iki nduweni sifat jero perasaane lan bisa enggal nyelami maksud lan sedyiane liyan sabar lan pinter diplomasi,.Dhemen tetulung kanthi mikirake kahanan/nasib liyan.gampang kuatir lan susah ing babagan nasibe liyan utawa kahanan sakalir . gampang tersinggung nanging romantic, dhemen ngumbara.Yen tumindak akeh tetimbangan/etungan amamrga ana rasa was was/ ragu.

Leo (21 Juli – 21 Agust)

Mawa symbol singa .dheweke kang lair wektu iki biasane nduweni sifat :tegas pinter diplomasi, pribadi lan jiwa kang kuat, kaprawiran, kekarepan lan kesanggupan ing pakaryan uga gedhe,rela berkorban nanging kadangkala uga nduweni sifat ora sabar ,sombong. Simbol singa ing kene ana lambang surya kang ngemu teges nduwe karisma lan kekuatan tenaga , kemuliyaan lan kasampurnaan urip.

Virgo (22 Agust -22 Sept)

Mawa symbol gadhis/Perwan . Dipengaruhi planet Mercuri kang nduweni marang pengaruh intelektualitas kuat ,cerdas, dhemen ing samubarang ilmu kewasisan , ngati-ati ing pakaryan ,jujur, kebak ing petung ana babagan kanga rep ditindakake , teliti bebudhine lurus ,waskhita yen ngritik nganti ana kalane nyinggung perasaan liyan .Emane dheweke ora sabaran , gampang bosen,ora gelem dikritik ,mangu-mangu yang awe keputusan.

Libra (23 Sept – 23 Okt)

Kanthi symbol timbangan /neraca.dipengaruhi planet venus/Dewi Cipta lan kaendahan.Nduweni sifat : Bebudene luhur, alus perasaane ,romantic la nana ing pertimbanganana kesetimbangan urip lan harmonis,mantep ing pakaryan/ora gampang owah kekarepane,cerdas duwe cita-cita kang luhur.nanging kadang kala dheweke angel gawe keputusan.

Scorpio (24 Okt - 22 Nop)

Mawa symbol kalajengking.Dipengaruhi uga dening planet mars/dewa perang. Sifate kaprawiran, duwe kekarepan lan kesanggupan gedhe ing samubarang pakaryan, dhemen ngritik lan nggoleki kesalahan liyan,nanging kebak inisiatif,cerdas nanging uga seneng tukaran /debat lan kurang sabar.

Sagitarius (23 Nop – 20 Des )

Mawa symbol paraga kang awake jaran nembe menthang langkap/arep manah . Panjenengan kang dilairke dino iki nduweni sifat cerdas, tabah ora egois, saengga kanthi kesanggupan lan kekarepan kang mantep bisa nggayuh donya lan kasampurnaaning urip nanging emane yen wicara tanpa nggathekake perasaane liyan saengga ora maelu wong tersinggung utawa ora seneng marang marang wicarane mau.(Panjebar Semangat – 23,25,26/2004)

khasiat permen karet !

Asil panaliten wes mbuktikake yan permen karet becik kanggo kita .Para paneliti saka Universitas Northumbia nemokake yen saliyane kanggo ngilangi ganda napas , permen karet bisa ningkatake kemampuan sawijining pawongan kanggo ngeling –eling ukara luwih saka saprotelon.IKu kang antarane manfaat mamah permen karet, saengga akeh produk permen karet kang dipasarake keri keri iki manfaat liyane ing antarane , ningkatake konsentrasi lan ngresiki untuKanthi mamah permen karet kang bebas gula lan ngandhut xylitol bisa ngrumat kesehatan untu merga ngurangi anane pembusukan .

Jenis permen karet tinamtu kang diwetokake dening Leicester uga kabukten secara klinis mbantu metabolisme energy lan ngetokake energy saka panganan . Semono uga permen karet kang diwetokake dening Slimsteady Chewing Gum kang di pepaki HCA(hydroxycitric acid) ,saliyane bisa gawe resike untu uga ngalang-alangi produksi lemak saka karbohidrat,vitamin B12 lan chromium ,mineral penting kang mbantu stabile tingkat gula darah .Kanthi mangkono mbantu diet merga gerakan mamah mau mesisan mbantu ningkatake serotin ing utek kang nglalekake rasa luwe.

Beda maneh klawan permen karet kang ngandhut jae.Permen iki kabukten bisa gawe tenang lan nyangkuyung system pencernaan . Sadurunge wong padha milih biscuit jae kanggo ngatasi mabuk perjalanan ,saiki produsen Sea-band wes ngetokake wujud permen karet .(Panjebar Semangat -38/2003)

Nesu & Nangis

Walikane ngguyu , yakuwi nesu . Yen ngguyu badan kita ngetokake zat endorphin , sewalike rasa nesu muncuk nalika kelenjar awak ngetokake epinephrine (adrenalin) lan cortisol(hydrocortisone) bebarengan hormone-hormon stress liyane.Akibate , nalika nesu , ketege jantung tambah cepet lan tekanan darah munggah .Ambegan uga dadi cekak lan ngos-ngosan,otot dadi kaku,jantung mompa getih luwih menyang sikil lan lengen ,sauntara kuwi alat pencernaan (wadhuk) lan system kekebalan tubuh dadi nutup. Kahanan awak kang ngene iki manut ahli kedokteran jelas bisa ngrusak kesehatan . Pancen , jroning panguripan modern kaya jaman saiki ora gampang ngendani nesu mgono wae . Dalan macet , bledug lan panas ing ngendi ngendi ora mokal bisa ndadekake kita uring-uringan . Nanging nyimpen rasa nesu dudu dalan paling kango kanggo ngerim rasa anyel . Semono uga nyutak rasa nesu kang kang kaluwihen uga dudu dalan kang pas . saran para ahli , rasa nesu kuwi mau kudu dikendaleni .Tegese kita bisa ngatonake rasa nesu mau nanging jroning ukuran kang lumrah lan bisa ditampa dening wong sakupeng kita .Mula kuwi kenali dhisik apa kang dadi penyebabe rasa nesu mau


Yen kita bisa sering ngguyu , iki tegese urip kita bisa dadi luwih sumringah sanajan kahanan satemene urip ora tansah kepenak . Ana kalane kita rumangsa susah .Lan yen wes susah ngene iki ora wurung luh kita tumetes . Pancen akeh wong kandha , nangis wujudake emosi kang paling apik kang bisa ndadekake perasaan luwih nyaman katimbang sadurunge .Nangis mujudake pengejawantahan rasa kang luwih saka saderma ukara .Lumantar tangisan, kita bisa ngerti yan sawijining pawongan lagi nduwe msalah kang angel dikandhakake . Nangis iku lumrah , apa kuwi dingo wong lanang utawa wadon . Nangis ora mesthi ateges gembeng . Yen nangis merga gembeng ,biasane sesambungan klawan kebiasaan nalika isih cilik . Yen isih cilik dikulinakake nangis nalika ngadhepi masalah , mu la nalika diwasa uga gampang nangis nalika ana masalah .

NANGIS

Nangis dudu bab kang ngisin isini .Kayadene ngguyu , nangis mujudake bab kang manusiawi .Pancen , nangis ora bakal tau ngrampungi masalah , sing jelas kanthi nangis kita bakal oleh perasaan lego , saengga pikiran dadi luwih padhang kanggo nggolek dalan mrantasi masalah kuwi mau.

Sanajan mangkono , akeh saka kita kang ora sanggup nelakake perasaan liwat tangisan . Kerep yen ana perkara kang gawe sesege dhadha , kita malah nelakake kanthi cara nesu !!!.(Panjebar Semangat-5/2003)

 
Design by Wordpress Theme | Bloggerized by Free Blogger Templates | Free Samples