Senin, 25 Juli 2011

wajahmu

Selasa, 31 Mei 2011

sample

kaos khas spesial  

sample desaign

anda berminat???!   call me ...!

Sabtu, 28 Mei 2011

Mula bukane shio





Dhek jaman mbiyen ana dewa sing urip ing sawijining nagari.Nalika tanggal 31 Desember wayah esuk sakdurunge ganti taun, Dewa ksb nggawe layang kanggo sebangsane sato kewan kang manggon ing donya.Layang iku kasebar dening tumiyuping angin kang nuju saisining nagari .

Kabeh kewan padha maca layang iku . Isine kaya mangkene “Sesuk ing taun anyar , aku arep milih kewan sing paling dhisik dhewe teka menyang nggonku , saka nomor siji nganti nomor rolas . Kewan iku arep dakangkat siji mbaka siji dadi panglima manut urutane .”

Kabeh kewan padha semangat krungu kabar iku. Ing bathine kaya ngapa senenge di dhapuk dadi panglima. Nanging beda banget karo kahanane kucing . Ing dino iku kucing katon males malesan ing pojok omah.Kucing pancen ora maca dhewe layang sing dikirimke dewa. Dheweke mung krungu kabar iku saka Tikus.Tikus sing tumindake licik yen sesuk tanggal loro kumpul ing panggonan dewa,mangka sing bener kudu tanggal siji januari .

Kabeh kewan padha semangat nyiapake keperluan kanggo lunga mnyang panggonane dewa . Ing bathine among mikirake piye carane bisa menang . Salah sijine kanthi cara turu gasik ing wengi iku supaya sesuk umun-umun bisa gasik budhale . Ananging bedo banget karo Kebo . Kebo yen ngrumangsani mlakune rindhik , mulo wengi iku dheweke budhal menyang panggonan dewa . Lungane kebo wengi iku di ngerteni dening Tikus , mula kanthi licik tikus mlumpat ing gegere kebo.Kebo ora mangerteni bab iki .

Wayah esuk umun-umun , nalinka srengenge during metu ,Asu,Kethek, Macan Babi, Naga , Ula, truwelu, Pitik, Jago Wedhus lan Jaran padha tumuju menyang panggonan dewa.

Lan nalika srengenge wes mlethek , sing katon dewe ing panggonan dewa mau yaiku sapi,nanging jebule tikus dhisiki mlumpat ana ing sangarepe sapi ,sapi kaget mangerteni kahanan iku .Dheweke nangis ing bathine awit mung dadi nomor loro , sing nomor siji yakuwi tikus.

“Sugeng warsa enggal dewa.” Kandhane tikus ing sangarepe dewa “Iya, sugeng warsa enggal.” Ngendhikane dewa. Ing mburine padha teka sumusul genti genten macan,truwelu,naga,ula jaran ,wedhus, kethek,pitik jago,asu lan babi.Mula kuwi kewan sing cacahe rolas mau banjur katetepake minangka sing menang. Rolas kewan iku uga katetepake minangka 12 shio kewan .

watak adhedhasar bintang

Capricorn(21 Des – 19 Jan)

Simbule Wedhus Pegunungan, sifate ngebak ngati-ati, alon alon waton kelakon,. Semono ugo panjenengan ingkang dilairke kanthi bintang iki kagungan sifat sabar , tabah lan sanggup ngadhepi pacobaning urip. Sakabehing pagaweyan ditimbang adhedhasar kasunyatan/logis tanpa dipengaruhi unsure sentiment. Urip sarwa gemi lan kadang kala nyedhaki sifat kikir/pelit. Nanging dheweke sregep ing gawe kanggo mikirake nasib ing tembe mburi sarta ora gelem nggantungake bantuane liyan.

Aquarius ( 20 Jan -18 Pebr)

Kanthi symbol paraga kang nembe ngucurake banyu . dheweke kang lair mawa bintang iki nduweni sifat : berjiwa besar , dhemen tetulung lan ngabdi kanggo kepentingane liyan /umum nganti kadhang kala kepentingane dhewe rada ora kepikir .Tumindhake tegas , keputusane pasti, ora gumantung liyan , ora ana kang angel dirasa, nanging dheweke rada angel maju ing babagan dagang /bisnis amarga bandha dudu bab kang mutlak digayuh kajaba mung syarat kanggo ngabdi ing masyarakat .Anakalane dheeke acuh tak acuh ngenani samubarang gawe nanging tanpa dinyana dheweke bisa ngrampungake pakaryan mau.

Pisces (19 Pebr – 20 Maret)

Simbule sepasang mina kang nembe nglangi klawan arah .Dheweke kang lair mawa bintang ii biasane nduweni sifat : Seneng tetulung, ora egois kepara rila berkorban , kadhang sregep nanging ana kalane males , ora gumathok ing kekarepan , kang bisa nuwuhake sirnaning rasa percaya dhiri amrga kakehan piker lan pertimbangan . Cerdas lan nduwe kesanggupan kerja kang sregap nanging kadang kala kurang pangati-ati.

Aries ( 21 Maret – 20 April)

Mawa simbul wedhus lanang kang nduwe bakat pimpinan . Mula kang dilairke ing tanggal kasebat< biasane nduwe sifat sregep, trengginas lan tegas kanggo nggolek dalan/ kemajuan anyar nanging kadang kebak emosi .Planet Mars nalika simbul Dewa perang mawa teges semangat lan kekuatan jiwa . Ana kalane nduwe sifat bosenan , during nganthi gaweyan sijine wes rampung wes kepingin nyandhak liyane.Dhemen aweh parlindungan lan kaprawiran

Taurus ( 20 april - 20 Mei)

Kanthi simbul Lembu lanang. Dhweke kang lair mawa bintang iki biasane nduweni sifat kebak tenega lan kaprawiran ,sabar,meneng lan ora seneng gembar-gembor utawa pamer nanging nduwe kesanggupan gedhe ing samubarang pegaweyan , ora gampang nyerah sadurunge kasil , wasis nata bale wisma, tinarbuka nanging dhemen nutupi perasaan sabenere , susah /angel nglalekake kebecikan liyan .

Gemini ( 21 Mei – 20 Juni)

Kanthi symbol bocah kembar. Dheweke kang dilairke mawa bintang iki biasane cerdas , wicaksana ,entheng pikire/tajem panggraitane ,perasaane uga jero, duwe kesanggupan lan kekarepan ing samubarang pakaryan kang gedhe, sanadyan dheweke ing antarane zodiac liyane kepara unggul ing kawasisan/kecerdikan nanging kekarepane gampang owah kanggo nemtokake pilihan .

Cancer (21 Juni - 20 Juli)

Kanthi lambing yuyu/kepithing. Dheweke kang dmawa bintang iki nduweni sifat jero perasaane lan bisa enggal nyelami maksud lan sedyiane liyan sabar lan pinter diplomasi,.Dhemen tetulung kanthi mikirake kahanan/nasib liyan.gampang kuatir lan susah ing babagan nasibe liyan utawa kahanan sakalir . gampang tersinggung nanging romantic, dhemen ngumbara.Yen tumindak akeh tetimbangan/etungan amamrga ana rasa was was/ ragu.

Leo (21 Juli – 21 Agust)

Mawa symbol singa .dheweke kang lair wektu iki biasane nduweni sifat :tegas pinter diplomasi, pribadi lan jiwa kang kuat, kaprawiran, kekarepan lan kesanggupan ing pakaryan uga gedhe,rela berkorban nanging kadangkala uga nduweni sifat ora sabar ,sombong. Simbol singa ing kene ana lambang surya kang ngemu teges nduwe karisma lan kekuatan tenaga , kemuliyaan lan kasampurnaan urip.

Virgo (22 Agust -22 Sept)

Mawa symbol gadhis/Perwan . Dipengaruhi planet Mercuri kang nduweni marang pengaruh intelektualitas kuat ,cerdas, dhemen ing samubarang ilmu kewasisan , ngati-ati ing pakaryan ,jujur, kebak ing petung ana babagan kanga rep ditindakake , teliti bebudhine lurus ,waskhita yen ngritik nganti ana kalane nyinggung perasaan liyan .Emane dheweke ora sabaran , gampang bosen,ora gelem dikritik ,mangu-mangu yang awe keputusan.

Libra (23 Sept – 23 Okt)

Kanthi symbol timbangan /neraca.dipengaruhi planet venus/Dewi Cipta lan kaendahan.Nduweni sifat : Bebudene luhur, alus perasaane ,romantic la nana ing pertimbanganana kesetimbangan urip lan harmonis,mantep ing pakaryan/ora gampang owah kekarepane,cerdas duwe cita-cita kang luhur.nanging kadang kala dheweke angel gawe keputusan.

Scorpio (24 Okt - 22 Nop)

Mawa symbol kalajengking.Dipengaruhi uga dening planet mars/dewa perang. Sifate kaprawiran, duwe kekarepan lan kesanggupan gedhe ing samubarang pakaryan, dhemen ngritik lan nggoleki kesalahan liyan,nanging kebak inisiatif,cerdas nanging uga seneng tukaran /debat lan kurang sabar.

Sagitarius (23 Nop – 20 Des )

Mawa symbol paraga kang awake jaran nembe menthang langkap/arep manah . Panjenengan kang dilairke dino iki nduweni sifat cerdas, tabah ora egois, saengga kanthi kesanggupan lan kekarepan kang mantep bisa nggayuh donya lan kasampurnaaning urip nanging emane yen wicara tanpa nggathekake perasaane liyan saengga ora maelu wong tersinggung utawa ora seneng marang marang wicarane mau.(Panjebar Semangat – 23,25,26/2004)

khasiat permen karet !

Asil panaliten wes mbuktikake yan permen karet becik kanggo kita .Para paneliti saka Universitas Northumbia nemokake yen saliyane kanggo ngilangi ganda napas , permen karet bisa ningkatake kemampuan sawijining pawongan kanggo ngeling –eling ukara luwih saka saprotelon.IKu kang antarane manfaat mamah permen karet, saengga akeh produk permen karet kang dipasarake keri keri iki manfaat liyane ing antarane , ningkatake konsentrasi lan ngresiki untuKanthi mamah permen karet kang bebas gula lan ngandhut xylitol bisa ngrumat kesehatan untu merga ngurangi anane pembusukan .

Jenis permen karet tinamtu kang diwetokake dening Leicester uga kabukten secara klinis mbantu metabolisme energy lan ngetokake energy saka panganan . Semono uga permen karet kang diwetokake dening Slimsteady Chewing Gum kang di pepaki HCA(hydroxycitric acid) ,saliyane bisa gawe resike untu uga ngalang-alangi produksi lemak saka karbohidrat,vitamin B12 lan chromium ,mineral penting kang mbantu stabile tingkat gula darah .Kanthi mangkono mbantu diet merga gerakan mamah mau mesisan mbantu ningkatake serotin ing utek kang nglalekake rasa luwe.

Beda maneh klawan permen karet kang ngandhut jae.Permen iki kabukten bisa gawe tenang lan nyangkuyung system pencernaan . Sadurunge wong padha milih biscuit jae kanggo ngatasi mabuk perjalanan ,saiki produsen Sea-band wes ngetokake wujud permen karet .(Panjebar Semangat -38/2003)

Nesu & Nangis

Walikane ngguyu , yakuwi nesu . Yen ngguyu badan kita ngetokake zat endorphin , sewalike rasa nesu muncuk nalika kelenjar awak ngetokake epinephrine (adrenalin) lan cortisol(hydrocortisone) bebarengan hormone-hormon stress liyane.Akibate , nalika nesu , ketege jantung tambah cepet lan tekanan darah munggah .Ambegan uga dadi cekak lan ngos-ngosan,otot dadi kaku,jantung mompa getih luwih menyang sikil lan lengen ,sauntara kuwi alat pencernaan (wadhuk) lan system kekebalan tubuh dadi nutup. Kahanan awak kang ngene iki manut ahli kedokteran jelas bisa ngrusak kesehatan . Pancen , jroning panguripan modern kaya jaman saiki ora gampang ngendani nesu mgono wae . Dalan macet , bledug lan panas ing ngendi ngendi ora mokal bisa ndadekake kita uring-uringan . Nanging nyimpen rasa nesu dudu dalan paling kango kanggo ngerim rasa anyel . Semono uga nyutak rasa nesu kang kang kaluwihen uga dudu dalan kang pas . saran para ahli , rasa nesu kuwi mau kudu dikendaleni .Tegese kita bisa ngatonake rasa nesu mau nanging jroning ukuran kang lumrah lan bisa ditampa dening wong sakupeng kita .Mula kuwi kenali dhisik apa kang dadi penyebabe rasa nesu mau


Yen kita bisa sering ngguyu , iki tegese urip kita bisa dadi luwih sumringah sanajan kahanan satemene urip ora tansah kepenak . Ana kalane kita rumangsa susah .Lan yen wes susah ngene iki ora wurung luh kita tumetes . Pancen akeh wong kandha , nangis wujudake emosi kang paling apik kang bisa ndadekake perasaan luwih nyaman katimbang sadurunge .Nangis mujudake pengejawantahan rasa kang luwih saka saderma ukara .Lumantar tangisan, kita bisa ngerti yan sawijining pawongan lagi nduwe msalah kang angel dikandhakake . Nangis iku lumrah , apa kuwi dingo wong lanang utawa wadon . Nangis ora mesthi ateges gembeng . Yen nangis merga gembeng ,biasane sesambungan klawan kebiasaan nalika isih cilik . Yen isih cilik dikulinakake nangis nalika ngadhepi masalah , mu la nalika diwasa uga gampang nangis nalika ana masalah .

NANGIS

Nangis dudu bab kang ngisin isini .Kayadene ngguyu , nangis mujudake bab kang manusiawi .Pancen , nangis ora bakal tau ngrampungi masalah , sing jelas kanthi nangis kita bakal oleh perasaan lego , saengga pikiran dadi luwih padhang kanggo nggolek dalan mrantasi masalah kuwi mau.

Sanajan mangkono , akeh saka kita kang ora sanggup nelakake perasaan liwat tangisan . Kerep yen ana perkara kang gawe sesege dhadha , kita malah nelakake kanthi cara nesu !!!.(Panjebar Semangat-5/2003)

Paedahe ngguyu





Seneng ,susah sedih nesu lan jengkel mujudake saperangan saka sawenehing emosi kang di duweni manungsa . Nalika emosi saya kuat namani kita , dheweke mbutuhake penyaluran suoaya perasaan dadi luwih lega .

Ngguyu nalika krungu lelucon konyol , nangis nalika nampa masalah lan ngomel pas ana kanca kang mblenjani janji , mujudake conto saka anane perasaan perasan mau .

Nesu , nangis lan ngguyu mujudake reaksi awak kang sifate manusiawi lan alamiah .Ngguyu lagi ditampilake menawa kita lagi rumangsa seneng utawa jroning kahanan kang maremake Eling ,paribasan ,ngguyu kuwi sehat . Yap , ngguyu pancen bisa ndadekake kita sehat sebab , kanthi ngguyu ateges kita lagi nglatih jantung lan paru-paru sarta otot-otot pundhak, lengen ,weteng, dhadha lan uga sikil .Bayangke wae ,mung kanthi ngguyu sepisan kabeh awak kita melu olahraga .Kepara manut ,manut ahli jantung amerika William Fry,ngguyu kuwi padha karo latihan aerobic sedino ping pat , utawa padha karo jogging kaping sepuluh utawa sepedhaan limalasan menit suwene.

Saliyane nggerakae otot –otot awak , secara khusus ngguyu uga nddekake otot-otot rai obah kanthi aktif , saengga raine wong kang kerep ngguyu bakal katon luwih sumringah dibandhing wong kanga rang ngguyu . yen kita lagi stress, banjur rai dadi sruntut ,salah siji obat sing paling mujarab yakuwi ngguyu. Kanthi ngguyu kabeh kketegangan kang ana bakal dadi kendhur saengga nggampangake dalane ambegan lan ndadekake awak luwih akeh mompa zat endorphine,zat kang diproduksi awak minangka penawar rasa nyeri.

Iki bisa dititeni ,yen lagi stress, kita sering ngrasa ngelu , nah rasa ngelu iki bisa enggal ilang yen kita ngguyu,merga kanti ngguyu badan kita ngetokake zat penawar nyeri(endorphine) kanthi luwih akeh . Perlu kawuningan,endorphine satemene ora bedo karo morphin kang padha padha mujudake bahan penawar nyeri , mung wae morphin kudu dikonsumsi.

Saliyane bisa dadi obat stress, pranyata ngguyu uga bisa ngedohake saka maneka penyakit .Manut Lee Berk saka Universitas Ioma Linda , California ,nalika ngguyu badan kita mroduksi hormone kekebalan kang disebut gamma inferferon . Hormon iki nduweni fungsi mateni maneka sel penyakit , wiwit saka virus engga tumor . Dadi , akeh banget to manfaate ngguyu kuwi ?Mula kuwi kita aja larang-larang ngguyu nalika rumangsa seneng , asal ora lali tatakrama Nanging yan kangelan ngguyu coba dhisik kanthi latihan mesem , sebab mesem mujudake wiwitane ngguyu , Terus yen isih uga angel ngguyu , bisa uga dipancing kanthi nonton komedi.reuni bareng sahabat utawa mbukak album kenangan kang endah lan lucu.

APA ANA GRAVITASI ING BULAN ?

Satemene kabeh barang (benda) ing jagad iki nduweni gravitasi (gaya tarik). Kalebu awak kita. Ngelingi gravitasi mujudake gaya kang narik saben obyek ing alam semesta. Nanging gaya gravitasi gumantung saka rong bab yaiku massa obyek kang dikarepake sarta jarak siji lan jarak liyane .minangka contone ana gaya tarik-tarikan antarane kita lan bumi .Nanging gaya tarik bumi luwih kuwat katimbang gaya tarik awak kita .Nanging yen kowe manggon adoh saka bumi (6500 km ing awang awang) bobotmu mung kari saprapate wae.

Semono uga ing mbulan .Mbulan iku satemene obyek kang gedhe banget , nanging yen dibandingke bumi tetep isish luwih cilik . Bobote mbulan mung 1/81 bobote bumi , grvitasine uga luwih cilik yaiku mung saproneme gravitasine bumi . Ya merga cilice gravitasi ing mbulan mau , para astronot bisa mencolot kaping nem luwih dhuwur.( Panjebar Semangat -1/2003)

APA GUNANE BLEDUG ??

Satemene apa gunane bledug ? Apa donya ki bakal luwih apik yen ora ana bledug ? Jawabane bisa ya bisa ora . Satemene apa ta bledug kui ? Bledug dumadi saka partikel lemah , utawa barang padhat liyane kang cukup entheng ketiyup angin. Saka ngendi tekane partikel kuwi mau ? partikel ksb bisa saka tanduran lan kewan kang wis mati, uyah laut, wedhi lan wedhi gunung mbledhos lan saka awu utawa awune areng.

Umume bledug ora pancen disenengi lan ora nguntungake.Nanging ing babagan liya , bledug bisa ndadekake jagad luwih endah. Werna srengene ing wayah esuk lan sore kang edi endah gumantung saka akehe bledug kang ana ing awing-awang. Jalaran bledug-bledug ing gegana kuwi kang mantulake sinar srengenge.Iki ndadekake cahaya katon saka bumi suwene sakjam utawi rongjam sawise srengenge angslup.srengenge ambles wernane abang mujudake cahaya pungkasan kang ilang saka pandulu.

Guna liyane saka bledug yaiku sesambungan klawan udan .Uap banyu ing gegana ora bakal owah dadi banyu kanthi gampang yen ora ana partikelbledug kang manggon ing ing pusat saben titik banyu. Mula kuwi, mega ,embun, pedhut lan udan , saperangan gedhe digawe saka sawenihing partikel bledug kang dikupengi kelembaban (Panjebar Semangat- 2/2003)

CUKUR JENGGOT

Pirang-pirang abad kepungkur , bangsa Yunani lan Roma nduweni kesenengan ngingu brewok nganthi tekan nutupi raine . wektu iku wong Yunani lan Roma nduweni kepercayaan menawa jenggot lan brewok iku nuduhake kadiwasane pria.

Nanging suwening-suwe wong-wong padha kepingin nyukur rambut kang thukul ing rai.Wong-wong Roma kang isih enom malah nduweni panemu menawa kegiatan nyukur rambut ing rai iku mujudake ritus machoisme.

Sing dadi masalah wektu iku, nyukur rambut rasane lara. Amarga peralatan kang dienggo isih digawe saka kerang utawa untu kewan kang wus diasah kanthi landhep.

Kira-kira taun4000 SM, bangsa Mesir kasil nemokake cara nyukur kang luwih alus yaiku nggawe peso cukur saka emas , tembaga lan perunggu. Banjur ing abad17 , ana panemu maneh (kang ora dikenal jenenge) kasil nemokake peso cukur saka waja murni kanthi lading kang tipis lan landhep.

Tengahing abad 20 sawise penemuane peso cukur,salon-salon dadi rame . kegiatan cukur kayadene kegiatan rutinkang kudu ditindakake.Nanging nyukur nganggo peso kasebut isih ngandung resiko kayata tatu ing kulit amarga kurang terampil migunakake peso cukur.

Wektu saiki kegiatan nyukur dudu barang kang nyiksa maneh, ora liya mung merga jasane King C. Gillete. Wong Amerika kang nemokake peso cukur saka waja super tipis . Nganti saiki peso cukur iki karan “silet” asale saka tembung Gillete.(Panjebar Semangat-3/2003)

ASAL-USULE ABJAD LAN ALPHABET

Ing jaman biyen,wong-wong nulis utawa ngandhakake berita kanthi cara nggambar wujude barang.Umpamane wong arep ngandhakake sapine mati yaiku kanthi cara nggambar mati sapi. Cara kasubut karan pictograf.Panggonan nggambar bias ing watu-watu,kulit kayu utawa lempengan saka lempung.

Ewonan taun kepungkur, wong mesir kuno tetep nulis kanthi cara nggambaring panggonan tinamtu . Kamangka wong Mesir wus migunakake kertas saka godhong papyrus. Amarga sering kesusu olehe nulis <gambar-gambar mau bentukedadi garis-garis kang sederhana.

Sak gambar mung diwakili pirang garis. Nanging ana kang ora owah yaiku sak gambar makili barang siji . Suwening suwe gambar-gambar prasaja iku owah dadi symbol-simbol ukara karan ideograf.

Wong Mesir Kuna ngarani hiroglif. Sistem tulisan kanthi symbol ukara iki rumit banget,mulo mung para bangsawan lan wong tinamtu kang bisa nulis hiroglif.

Ing Negara Timur Tengah system penulisan iku terus berkembang . system tulisan migunakake symbol ukara-ukara wusanane diowahi kanthi migunakake huruf. Garis-garis kang di gunakake kanggo nerangake obyak benda saya suwe saya sederhana,yaiku bentuk huruf.Sak huruf diwenehi tenger kang asale saka barang kang asli.

Watara taun 1500 SM, wong-wong Palestina lan Suriah mulai migunakake kode kang makili 1 swara . Nulis uga mulai saka tengen terus ngiwa. Huruf-huruf iki banjur digunakake wong-wong Punisia kang manggon ing pantai-pantai Suriah.Kanthi setahap-setahap, bentuk huruf digawe luwih sederhana.Wong-wong Punisia iki kang bacute nyebarake sistem huruf lan cara migunakake menyang negara l;iya. Wong Punisia akeh-akehe padha dagang kang sering muter-muter ing negara Inggris.Wong punisia uga kang nggawe bentuk-bentuk huruf kaya saiki.Nanging wektu iku cacahe kurang saka 26 huruf.

Olehe dagang suwe-suwe tekan Yunani,lan wong-wong Yunani kanyata seneng maramg symbol-simbol huruf kang digunakake dening wong Punisia , banjur melu nyinaoni. Malah wong-wong Yunani iku ngowahi huruf lan nambahi aksara vocal. Saliyane iku wong Yunani uga njenengi huruf-huruf kang wus disempurnakake mau sarta digunakake ing kegiatan tulis menulis saben dino.

Huruf kapisan karan “alfa” , banjur”beta” lst. Saka jenenge huruf pisanan lan huruf nomor loro iku , wusanane system huruf dijenengi “alfabet” lan jeneng iki dingo kanthi saiki, cacahe 26 mulai A,B,C nganti Z. (Panjebar Semangat – 4/2003)

Asal-Usul Potlot

Zat ireng ing kang dadi isine potlot iku klebu barang tambang , uga klebu barang kimia kang di sebut grafit. Batu grafit wus dikenal uwong wiwit abad 15. Nanging wektu iku wong ngarani timah ireng. Tambang batu grafit kang misuwur wektu iku tinemu ing desa Borrowdale, Inggris.Miturut kandhane ngakeh , dhaerah iku mujudake wiwitane ditemokake batu grafit ing donya.

Amarga isih langka lan angel olehe nemokake tambang batu grafit, mula rego batu grafit larang . Ana sing kandha regane meh padha karo emas.

Sauntara iku kabutuhan migunakake batu grafit kadidene alat tulis saya akeh . Mula padha luwih sengkud nggolek lahan batu grafit, malah nganti tekan njaban Negara. Nganti pirang-pirang abad suwene , bentuke alat tulis saka grafit isih sederhana . Batu grafit kasebut ditugeli cilik-cilik banjur dijepitke ing kayu .

Pabrik potlot kang ngasilke bentuk potlot koyo saiki nembe ana ing abad 19.Pabrik-pabrik potlot iku dipelopori dening Inggris,Jerman lan Amerika.

Potlot jaman modern , bahan bakune, ora mung saka batu grafit . nanging wus diolah kanthi campuran lemah lempung .Kanthi migunakake mesin produksi, batu grafit lan lempung di campur, sakwise diproses ing mesin,dadine bunder dawa-dawa banjur dikethoki miturut ukurane.Rampung iku banjur dioven supaya garing utawa dibakar supaya kuwat.Tekan kene tahap nggawe isi wus rampung.

Proses bacute yaiku nglebokake ing bungkuse potlot.Bisa wujud kayu,plastic utawa logam,gumantung kreatifitas pabrike.

Koloseum

KOLOSEUM mujudake bangunan peninggalan kuno ing Roma kang banget misuwur ing donya . Ora nggumunake menawa akeh turis kang kepingin weruh Koloseum saka cedhak .

Koloseum di bangun ing jaman emase bangsa Romawi dening kaisar Vespasianus lan kaisar Tinus . Koloseum dibangun ing tanah bangunan Rumas Emas duweke kaisar Nero. Pembangunane di tindakakesawise Nero tilar donya , yaiku tahun 68.Ing taun 79-an,Koloseum dibukak kanggo umum.

Pertandhingan kang paling spektakuler lan popular yaiku pertandhingan gladiator ,duel manungsa kang paling kuat .Nalika upacara pembukaan diwiwiti ,pertandhingan di umumke bakal kaleksanan sajroning 100 dino.Ora nggumunke menawa akeh manungsa lan kewan padha tiwas sajroning pertandhingan kaleksanan.

Wong Romawi kuno padha teka ing koloseum kanggo nyekseni pertandhingan kewan lawan manungsa utawa manungsa lawan manungsa.

Menawa diwawas saka fungsine , koloseum mujudake bangunan lambang kekejeman lan kebiadabane masa peradabane Romawi. Nanging menawa diwawas saka babagan arsitektur, koloseum mujudake bangunan kanthi teknik kang diduweni arssitektur jaman romawi kuno .

Sak keplasan koloseum bentuke bunder.Nanging sakbenere bangunan iku bentuke lonjong , dawane 87 m, ambane 55m.Kanthi ukuran kasebut koloseum bias nampung kira-kira 45.000-50.000 penonton.

Telung panggonan kapisan direnggani kolom kanthi langgam Doric,Joni clan Corinthian. Banjur ing dhuwur tingkat III ana tembok kang di wenehi cendhela .

Kang unik ,koloseum bias dileb banyu , supaya bias kanggo pertarungan ing banyu . Langit-langite bias didhuwurke kanggo mayungi penonton menawa udan .

Koloseum digunakake kanthi taun 500-an . Sakperangan bangunan iku wus rubuh amarga ana lindhu ing abad pertengahan . Reruntuhan koloseum isih digunakake kadidene batu dening para arsitek.(Panjebar Semangat – 6/2003)

 
Design by Wordpress Theme | Bloggerized by Free Blogger Templates | Free Samples